liburan JAWA TENGAH

Candi Barabudhur

Barabudhur (basa Indonesia: ‘’Borobudur’’), iku jenenge sawijining candhi Buddha sing panggonane ane ing Kabupaten Magelang, provinsi Jawa Tengah. Lokasi candhi iki kurang luwih 100 km ing sisih kidul-kuloning Semarang lan 40 km ing sisih lor-kuloning Yogyakarta. Candhi iki yasane pamarentah wangsa Syailendra ing kiwa tengening abad kaping 9 Masehi. Candhi iki candhi panganut agama Buddha Mahayana.

Jeneng Barabudhur

Akeh teori sing kepengin nerangake jenenge candhi iki. Salah sijining celathu yen jeneng iki mbok menawa asale saka tembung Sambharabhudhara, sing tegese “gunung” (bhudara) sing imbange ana teras-terase. Teori liya celathu yen tembung barabudhur sangkane saka pangucapan “para buddha” sing malih dadi “barabudhur”. Banjur miturut teori liya tembung iki saka tetembungan “bara” lan “beduhur”. Tembung “bara” jare sangkane saka tembung wihara lan beduhur tegese “dhuwur”. Dadi karepe asrama sing panggonane dhuwur.

Struktur Barabudhur

Candhi Barabudhur bentuke punden maundak, sing tumata saka enem tingkat awujud bujur sangkar, telung tingkat awujud bundher mlungker lan sawijining stupa utama sing dadi puncake. Saliyane iku ing kabeh tingkat kasebar pirang-pirang stupa.

Relief

Ing saben tingkatan ana relief-relief sing padha ditatah ing temboking candhi. Relief-relief iki carane maca miturut saubenging dom jam utawa nganggo basa Kawi diarani mapradaksina. Tembung iki sangkane saka basa Sansekreta daksina sing tegese iku kidul. Relief-relief iki warna-warna isi critane, antara liya ana relief-relief bab wiracarita Ramayana.

Candhi Prambanan

Candhi Prambanan iku kompleks candhi Hindu sing gedhé dhéwé ing Indonesia, ing pulo Jawa, kurang luwih 20 km wétan Yogyakarta, 40 km kulon Surakarta lan 120 km kidul Semarang, persis ing watesing provinsi Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Candhi Prambanan manggon ing désa Prambanan sing tlatahe dibagi antara kabupaten Sleman lan Klaten.Para ahli purbakala ndugam candhi ini dibangun ing sawetaraning taun 850 Masehi dening Rakai Pikatan (raja seka wangsa Mataram I sing kaping loro) utawa Dyah Balitung. Nanging ora suwe sawuse candhi iki binangun, banjur ditinggalake lan wiwit rusak.

Renovasi candhi iki diwiwiti ing taun 1918, lan nganti sepréné durung rampung. Gedhong utama lagi dirampungaké ing taun 1953. Akèh pérangan candhi sing direnovasi nganggo watu anyar amarga watu-watu sing asli wis dicolong utawa dienggo ing panggonan liya. Salah sawijining candhi mung bakal dipugar yen minimal 75% watu asline isih ana. Mula saka kuwi, akeh candhi-candhi cilik sing ora dibangun manèh lan mung katon landhesan pondasiné waé.Saiki candhi iki sawijining situs warisan dunya sing kareksa déning UNESCO wiwit taun 1991. Tegesé antara liya, komplèks iki kareksa lan ndhuwé status astamiwa. Contone yèn ing mangsa perang, ora olèh dicedhaki wong-wong sing ayuda.Candhi Prambanan iku candhi Hindhu sing gedhé dhéwé ing Asia Kidul-Wetan, dhuwure gedhong utama iku 47 meter.

Kompleks candhi iki tinata saka 8 candhi utama lan luwih saka 250 candhi cilik.Telung candhi utama diarani Trisakti lan disajèkaké ing sang hyang Trimurti: Bathara Siwa sang Pangrusak, Bathara Wisnu sang Panggulawentah lan Bathara Brahma sang Pancipta.Candhi Siwa ing tengah-tengah, isine patang kamar, sakamar ing saben arah mata angin. Sawetara iku sing pratama amopt sawijiing reca Bathara Siwa sing dhuwuré ana telung mèter, telu liyane isi reca-reca sing ukurané luwih cilik, yaiku reca Durga, sakti utawa garwa Bathara Siwa, Agastya, guruné, lan Ganesa, putrane.

Reca Durga uga diarani Rara utawa Lara Jongrang (rara langsing) karo pendunung sing papan kono.Rong candhi liyane katur kagem Hyang Wisnu, sing madhep lor lan sijiné katur Hyang Brahma, sing madhep kidul. Saliyané iku ana pirang-pirang candhi cilik liya sing diaturake marang Sang Lembu Nandini, wahana Bathara Siwa, sang Angsa (banyak), wahana Bathara Brahma, lan sang Garudha, wahana Bathara Wisnu.Terus relief ing saubenging rong puluh pinggiran candhi nggambaraké wiracarita Ramayana. Vèrsi sing digambaraké ing kéné béda karo vèrsi Kakawin Ramayana Jawa Kuna, anging mèmper karo crita Ramayana sing diturunaké liwat tradhisi oral.

Bledhug Kuwu

Bledhug Kuwu kuwi sawijining kawah lumpur (mud volcanoes) sing dumunung ing désa Kuwu, Kecamatan Kradènan, Kabupatèn Grobogan, provinsi Jawa Tengah. Papan iki bisa ditempuh kurang luwih 28 km mangétan saka kutha Purwadadi. Bledhug Kuwu minangka salah siji obyek wisata andalan ing dhaérah iki, saliyané sumber geni abadi Mrapèn, lan Wadhuk Kedungombo. Obyèk sing narik kawigatèn saka bledug iki yakuwi jeblugan-jeblugan lumpur sing ngandhut uyah lan terus-terusan, saben 2 utawa 3 menit.

Geologi

Sacara geologi, kawah lumpur Kuwu, kayadéné kawah lumpur liyané, kuwi aktivitas panglepasan gas saka jero teras bumi. Gas iki biasané arupa metana. Kuwu kuwi siji-sijiné sing dumunung ing Jawa Tengah. Letupan-letupan lumpur sing dumadi biasané nggawa larutan kaya mineral saka bagéyan ngisor lumpur mendhuwur. Kasus Sidoarjo uga minangka wangun kawah lumpur, senadyan sing pungkasan iki tingkat aktivitasé luwih dhuwur.

Kandhutan uyah

Lumpur saka kawah iki banyuné ngandhut uyah, déning masarakat lokal dimanfaataké kanggo bahan gawé uyah bleng (IPA: /bləng/) sacara tradisional. Carané kanthi nampung banyu saka bledug iku jroning glagah (pring sing dibelah dadi loro, banjur digaringaké.

Legendha

Miturut crita turun temurun sing ana ing kalangan masarakat, Bledug Kuwu dumadi amarga anané bolongan sing ngubungaké panggonan kuwi karo Segara Kidul (Samudera Hindia). Kocap kacarta bolongan mau arupa dalan mulihé Joko Linglung saka Segara Kidul tumuju krajaan Medhang Kamulan sawisé ngalahaké Prabu Dewata Cengkar sing wis owah dadi bajul putih ing Segara Kidul. Joko Linglung jaré bisa gawé bolongan kasebut amarga bisa njélma dadi ula naga sing dadi syarat supaya diakoni minangka anaké.

[1]

Tawangmangu, Karanganya

Kecamatan Tawangmangu iku salah siji kecamatan ing kabupaten Karanganyar, provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Tawangmangu dikenal minangka obyèk wisata pagunungan ing gigir kulon Gunung Lawu sing bisa ditekani nganggo kendaraan dharat watara sak jam saka Kutha Surakarta (Solo). Panggonan iki wiwit jaman kolonial Walanda wis dadi papan wisata. Obyèk wisata utama yakuwi arupa grojogan Grojogan Sewu (dhuwuré 65 m). Ing papan tetirah iki kasadiyakake uga sarana pendhukung wisata kayadéné kolam renang lan panginepan. Saka Tawangmangu bisa diwiwiti mènèk pucuking Gunung Lawu (Pos Cemorokandang).

About these ads

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

Bergabunglah dengan 32 pengikut lainnya.

%d bloggers like this: